Jumat, 17 April 2015

Pidato Bahasa Jawa : Tema Hari Kartini

Dumateng panjenenganipun
Bopo kepala Desa Tremas, Arjosari
Bopo Urip Rohmanudin, S.IP
Bopo lan Ibu perangkat Desa Tremas, Arjosari
Ugi poro hadirin ingkang kawulo hormati,

Sakderengipun sumonggo ngunjukaken raos syukur Allhamdullilahirabil’alamin, wonten ngarso dalem Allah SWT, wendene ing wekdal puniko kulo kan panjenengan saget makempal rawuh wontening balai desa mriki kanthi wilujeng mboten wonten wonten halangan satunggal punopo.

Mboten kesupen sholawat lan saham monggo dicurahaken dumateng junjungan kulo lan panjenengan Nabi Muhamma SAW, supados mbenjang ing yaumil kiamah kito pikantuk safaat’ipun.

Para rawuh sedoyo, sampun kito mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April 1879 ing Jepara, pramila ing tanggal 21 April meniko kita pangeti minangka dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan derjating priyo.

Rikolo gesangipun, R.A Kartini para wanita Indonesia tansah wonten ing pingita. Para wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Mboten kepareng gadah pedamelan sami kaliyan priyo. Nanging sakmeniko para wanita sampun sami derjating kalihan kaum priyo.

Asal perjuanganipun R.A Kartini Pranyoto saestu saged kaleksanan. Sakmeniko sampun kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting, dados ketua utawi pemimpin kados Ibu Megawati Soekarno Putri, Presiden Republik Indonesia ingkang kaping 5.

Saumpami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen pirso kawontenan kaum wanita ing wanci meniko. Hak-hak’ipun sami kaliyan kaum priyo. Emansipasi ingkang dipun kersak’aken R.A Kartini inggih meniko ngangenging hak ing panggesangan sami, antawisipun priyo kalihan wanita menawi priyo saged sinau ing pawiyatan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten namung ing pawon.

Pamung meniko ingkang saged kulo aturaken agunging panuwun, dumateng poro rawuh ingkang sami nyengkuyung pengetan meniko kanthi biyantu arupi menopo kemawon. Mugi sedoyo wau pikantuk piwales ingkang murwat saking gusti ingkang akarya jagad.

Menawi anggen kulo matur wonten kalepatan saha salah bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedoyo, kulo nyuwun pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.


by mas Han
Warnet BMI Pacitan